Senin, 18 Januari 2021

Bocah triman

Bocah triman

Deleng anak lanang tuku sepatu anyar, senajan barang tewaran, atiku bungah. Opo maneh olehe tuku nganggo duwite dewe.  

Tukang kirim barang mungkur, sepatune langsung dijajal. Tak takoni "sedeng ora?" Nuli dijawab rodo sesek.

" Lha ukuran piro?" 41 jarene. Walah, adine loro kae wae ukuran sepatune 42.

Mungkin amergo mung njajal karo lungguh. Bocahe nuli ngadek, mloka-mlaku ngetan ngulon nang lor amah. Banjur mlebu ngomah rodo sak wetoro. 

Bareng metu maneh, bocahe wes ganti kathok  nganggo celono jeans congkrang tur kriting mergo bar dienggo turu kucing. Mbarik mangkring nang duwur motor supra x produksi tahun 2000. Senajan umur sepeda motore luwih tuwo timbang deweke bocahe ora cilikaten. 

Tak takoni maneh, karang nganggo helm barang. 
"Arep nang endi le?" 
"Going to the bank" jawabe mlethe. Rupamu Cung 😂😂

"Nang bank opo nang nggon njupuk duwit dewe  alias Anjungan Tunai Mandiri?"

"Nang ATM, arep transfer mbayar sepatu"

Pancen saiki bocahe wes duwe buku bank tur ATM dewe. Mergo dadi relawan sosialisasi Covid, bocahe oleh honor 2400.000 Kang kudu ditransfer liwat nomor rekening. Mulane bocahe gawe rekening dewe. 

Weruh celonone sing kriting, simbokne ora tego banjur takon
"Ayuk dek tumbas celono" 
"Lha jarene simbok ra gadah duwit?" 
"Wah iyo, simbok lali, karang simbok ki ayem terus, dadi lali nek ra cekel duwit wes luwih seminggu"

Cerkak banget 😂😂

😂😂😂